Animated Blinking Gingerbread Man

Kamis, 05 Januari 2012

Tegese Tembung-Tembung

a. tlatah         : wilayah/wewenang
b. sejatine      : semestine
c. pedununge : penduk/ warga
d. cacah        : umlah
e. dumunung  : panggon 
f. saperangan : sabageyan
g. wondene    : opo maneh
h. winatesan   : diwatesi/ wewatesan (batasan)
i. segara         : (laut) samudra
j. pesisir         : pinggire segara, awujud pasir

Jawa Tengah


Jawa Tengah iku sawijining propinsi ing Indonesia lan mujudake salah sii saka nem provinsi sing dumunung ana ing pulo Jawa. ibu kotane yaiku semarang. kajaba jeneng sawijining provinsi, jawa tengah iku uga mujudake jeneng ing tlatah budaya ing pulo jawa. tlatah jawa tengah iku mujudake papan sing paling akeh wong jawane sawise jawa timur. akeh-akehe para pedunung jawa mau isih nuhoni ajining kabudayan jawa.
kajaba saka iku, anane kraton mataraman ing surakarta lan ngayogyakarta iku banjur ana sebutan yen provinsi iki dadi "pusat budaya jawa" propinsi jawa tengah iku ambane 3.254.820 km persegi kurang luwih saparapat saka ambane total pulo jawa. pedununge cacahe 31.820.000 (2005), dadi propinsi iki nomer telu gedene ing indonesia sawise jawa kulon lan jawa wetan, lan kurang luwih saparapat saka cacah total pedunung pulo iki.
jawa tengah dumunung ana ing tengah-tengah pulo jawa lan kaapit dening propinsi jawa kulon lan jawa wetan. ana saperangan cilik iku sisih kidul sing melebu wilayah daerah istimewa yogyakarta. wondene ngayogyakarta iku yen dideleng saka sajarah lan budaya sajatine bageyan saka jawa tengah senadyan saiki ngadeg dadi provinsi dewe.ing sisih lor, jawa tengah winatesan dening laut jawa lan ing sisih kidul dening samudera hindia. provinsi jawa tengah uga kadedayan saka sawetara pulo-pulo lepas pante, yaiku karimun jawa ing lor lan nusakambangan ing kidul-kulon.
suhu temperatur ing jawa tengah watara 18-28 drajat celcius, lan kadar lembab relatif antaraning 73-94 persen. geografi jawa tengah bisa kaanggep teratur karo dataran rendah ing pesisir lor lan kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. ing sisi kulon ana gunung geni aktif, gunung slamet, banjur rada mangetan ana kompleks pagunungan dieng ing dataran tinggi dieng, ing sakidul wetane ana latar kedhu sing winatesan dening gunung berapi lan gunung merbabu ing sisih wetan. sakiduling semarang ana gunung ungaran lan sawetane ana gunung muria. dene ing sisih wetan, ing tlatah piwatesan karo provinsi jawa wetan ana gunung lawu.
Berikan VOTE anda dan jangan lupa FOLLOW Blog saya. Terimakasih \(^o^)/

Lagu Kulo